This is default featured slide 1 title

Go to Blogger edit html and find these sentences.Now replace these sentences with your own descriptions.

This is default featured slide 2 title

Go to Blogger edit html and find these sentences.Now replace these sentences with your own descriptions.

MASJID AL-AQSHO KUDUS

KEBANGGAAN KOTA KUDUS.

This is default featured slide 4 title

Go to Blogger edit html and find these sentences.Now replace these sentences with your own descriptions.

This is default featured slide 5 title

Go to Blogger edit html and find these sentences.Now replace these sentences with your own descriptions.

Minggu, 27 November 2011


Sabtu, 19 November 2011

The Legend of Lake Toba


Add caption

ono ing pondok kuwi tempat kanggo ngudi ngilmu ....
ngudi kaweruh...

supoyo kuwe- kuwe pada.... dadi bocah seng pinter...
tur miguno kanggoNe AgoMo Nuso Lan BOngsooo....
mulo songko iku lheee..lheeee.. seNk tenaNan AnggOnmu SinaU ...
oJo Sak penAke Udelmu DeWe...oJo Mirang-MIrangNo wOng TuwO
Di Eling- Eling yOOOO....

khutbah jum"at


Kaum muslimin ingkang sami I’tikaf wonten masjid puniko … Rohimakumullah
Monggo tansah sami taqwa dateng Allah SWT…lan tansah ngalap ibarat dateng perkawis ingkang kito tingali lan perkawis ingkang kito pireng…kranten zaman utawi mongso puniko mlampah terus, wulan demi wulan tahun demi tahun … ing mongko kito puniko katah supenipun dateng Allah SWT, ateges katah angginipun nglampahi ma’siyat soho sekedik anggenipun nglampahi ta’at dateng Allah SWT.
Lan mongso ingkang sampun keliwat boten bade wangsul malih… pramilo sangking puniko kito sedoyo mangertosi…pergantian bulan utawi tahun puniko dados pepenget, bilih  dinten ajal utawi pejah kito puniko sampun caket…pramilo menawi sampun akhir wulan utawi akhir tahun, kito sedoyo kedah niti prikso atawin introspeksi dateng mongso ingkang sampun keliwat , punopo sampun dipun ginaake kangge nglampahi ta’at dateng Allah punopo dipun ginaake kangge nglampahi ma’siyat …

Kaum muslimin  jama’ah jum’at …Rohimakumullah…
Mangertoso … bilih dinten puniko merupakan jum’at ingkang akhir wonten ing tahun Hijriyah , Pramilo monggo wekdal ingkang sampun keliwat kito teliti maleh, supados wonten ing tahun enggal sak mangkih, kito sedoyo saget ningkatake anggenipun Taqwa dateng Allah SWT, lan ngirangi soho nyudo anggenipun nglampahi ma’siyat dateng Allah SWT …
Menawi badan kito sampun kito teliti, ternyata katah dosonipun.. yo inggih monggo sami ngatah- ngatahake anggaenipun istigfar lan tobat dateng Allah, supados kito pikantuk pengapuntenipun Allah SWT.
Lan minongko pamitan kito sedoyo dateng tahun puniko…
Monggo kito sami ngatah-ngatahake anggenipun dzikir dateng Allah, lan mugi-mugi tahun ingkang sampun keliwat, ingkang kebak dosonipun puniko saget dipun lebur dining Allah SWT, lan tahun ingkang bade dateng mugi-mugi kito sedoyo saget ngebak-ngebaki kanti amal ingkang sholih soho dipun ridloni dining Allah SWT
Ibarat tiyang ingkang dagang, akhir tahun puniko sami ngitang-ngitang dateng daganganipun, katah ruginipun punopo katah bathinipun..
lajeng sak sampunipun mekaten, monggo kito sedoyo sami ngitang-ngitang   dateng amal pribadi kito piyambak-piyambak, katah ruginipun punopo katah bathinipun.. sak sampunipun mekaten lajeng monggo kito berusaha supados kawontenan tahun ngajeng ampun ngantoso rugi, wondene menawi wonten ing tahun puniko kito rugi, kito kedah nambeli kanthi amal–amal ingkang sahe, kranten amal-amal ingkang sahe puniko saget nglebur dateng amal- amal ingkang awon.
Dawuhipun Rasulullah SAW :
Ingkang maksudipun kulo panjenengan sedoyo kapurih ngetbureni dateng amal-amal ingkang awon kanti amal-amal ingkang sahe, kranten amal-amal ingkang sahe kolo wou saget nglebur dateng amal-amal ingkang awon .

Kaum muslimin jama’ah jum’at …rohimakumullah…
Monggo kito sedoyo wonten ing tahun enggal ingkang sekedap maleh bade dateng, kito bikak lembaran-lembaran buku harian kito ..
Rosulullah SAW ngendiko :


Ingkang artosipun : podo ngalapo kesempatan siro, anjaraho siro ing perkoro limo sakdurunge katekanan perkoro limo, yoiku :
- wektu enommu sak durunge wektu tuomu   -wektu warasmu sakdurunge wektu loromu
- wektu sugehmu sakdurnge wektu mlaratmu  - wektu kosongmu sak durunge wektu rupekmu
- Wektu uripmu sakdurunge wektu matimu
Hadits puniko ngemutaken dateng kito, supados kito tansah saged angginaake wekdal kanti sahe, kranten wekdal puniko sanget berharga, sebab menawi wekdal sampun keliwat mboten bade wangsul malih.
Pramilo sangking puniko monggo kito sedoyo tansah saget manfaatake wekdal kanti sahe, kanti amal-amal ingkang sholih, ngatah-ngatahake dzikir, istigfar soho thoat nglampahi printah-printahipun  Allah, soho ninggalaken punopo  ingkang dipun larang dening Allah
Mugi-mugi wonten ing tahun enggal ingkang bade dateng kito sedoyo saged menangi maneh soho saged ngebak-ngebaki kanti amal engkang sahe..
Rosulullah SAW ngendiko :
Sak sae-saene manungso yoiku tiyang ingkang yuswonipun panjang soho sahe amalipun, lan sak elek-eleke manungso yoiku tiyang ingkang yuswonipun panjang soho awon amalipun.


Jum'at, 18 Nopember 2011
Em En Qy

Minggu, 13 November 2011

Selamat Bekerja ... mg Suksessss..............